Jpon17092010
Akhir – akhir punika katah sanget peristiwa – peristiwa sing dening akeh diarani fenomena alam, peristiwa ingkang anndamel gumun lan kaget tumrap tiyang kathah, langkung – langkung sing ing jero dadane kalis saka iman. Ingkang mbanjur ndamel analisa ingkang aneh, senadyan ketoke tinemu nalar, ananging pranyata ngambrawara, ora genah jluntrungipun. Cobi menawi kita enget ing tahun 2010 kathah sanget peristiwa – peristiwa antawisipun, ing Jogjakarta wulan Juni kepengker, anyedheki Magrib wonten kejadian luar biasa, langit kota Jogja terbelah, dari Barat sampai ke Timur, saged secara jelas ditingali tiyang katah. Ugi ing bulan Agustus wonten hujan darah ing India ngantos dua hari, sing udane punika awujud getih, sanes toya kados biasane, wonten Jepang wonten hujan katak udane kecampuran kodok precil, pating tlepok saka langit, wonten Indonesia hampir setia saat bumi bergoyang, lindu, wonten ingkang ageng ugi wonten ingkang alit. Sedaya kalawau punopo werdinipun ?
Poro sarjana sami ndamel ulasan ingkang ujare ilmiyah banget, umpamine masalah langit Jogya ingkang terbelah, ujare sarjana saint punika peristiwa biasa, sebab sorote srengenge wonten ingkang ngalang – ngalangi sahengga langit mbanjur kaya suwek, anaging opo sing ngalangi, embuh. Banjur sopo sing nggerakne penghalang cahaya matahari mau kok bisa ngalang – ngalangi lakune sunare srengenge? Sarjana ilmiyah mau tamtu bakal kangelan njawab, utawa malah kepara ora weruh jawabane.
Mekaten ugi hujan darah di India, sarjana saint anerangaken kedadosan punika amargi unsur – unsur kimia ingkang bersatu sahengga mbanjur dadi cairan sing memper getih, sebab pengaruh alam ingkang sampun rusak, ekosistem ingkang rusak. Ananging lamun ditakoni kekuatan apa ingkang njalari unsur – unsur kimia kalawau sing kudune urip dewe – dewe, pisah – pisah kok mbanjur bersatu, mbanjur dadi hujan darah di India,Hujan kodok di Jepang, langit Jogya terbelah,gempa bumi ingkang berturut – turut, lan lintu – lintune, jawabane bakal samai inggih punika fenomena alam sing mboten saged dijelasaken secara sain, sebab niku termasuk pengecualian.
Ma’asyiral Muslimiin……………….
Mila kita kedah madosi jawabanepun diluar saint, inggih punika melalui agama. Agama kemawon mboten saangger agami, nanging kedah kita pilih agami Islam sebab inggih namung agami punika ingkang saged njawab secara jelas dan gamblang.
Satuhune bumi langit saisine, termasuk manusia punika namung makhluk ciptaanipun Alloh swt, sedaya kalawau kagungane Alloh, sedaya kalau wau dibawah kekuasaan Alloh, berarti sedaya kalawau dibawah kendali Alloh. Gusti Alloh ingkang nggerakaken unsur unsur sing ngalangi srengenge sahengga sunar srengenge mbanjur terhalang lan ndadekake langit Jogya terbelah, Gusti Alloh ingkang ngimpun lan nggerakae unsur – unsur kimia sing kudune urip dewe – dewe, mbanjur ngumpul dadi siji anjalari tumurune hujan darah di India, Gusti Alloh sing nggerakake kekuatan alam sing bisa nyedot kodok – kodok, mau mbanjur nyebloki bumi Jepang kanti kahanan kodok – kodok mau isih podho urip, mengkono ugo Gusti Alloh sing anjalari lempengan bumi iso obah, lan mbanjur mlaku sahengga nuwuhake gempa bumi. Kekuatan, kekuasaan Alloh iku mboten saged kateliti nganggo ilmiyah menopo mawon, sebab sing gawe rumusan ilmiyah iku namung manungsa, dene kekiyatan Alloh Ta’ala, Gusti ingkang Maha Kuasa punika namung Alloh piyambak ingkang mengertosi, ananging kita diparingi wawasan bilih kekuatan Alloh punika Kun fayakun, opo sing dikersakake Alloh dadi, sanalika dadi. Kados dawuh Alloh ing surat Yasin ayat 82:
82. Sesungguhnya keadaan-Nya apabila dia menghendaki sesuatu hanyalah berfirman kepadanya: "Jadilah!" Maka jadilah ia.
Sedaya kedadosan ingkang kulo aturaken sedaya kalawau tuhu minongko pepenget tumrap manungsa kabeh, supaya andandani imane awit kiamat wis cedhek. Miturut pamawase para Ulama sunni sedaya kalawau adalah tanda – tanda akan terjadinya hari akhir, sebelum tanda – tanda besar, manungsa dielingaken Gusti Alloh kelawan tanda – tanda kecil, diantaranya kejadian – kejadian luar biasa kalawau, ugi saking polah tingkahe manungsa umpami, semakin maraknya perampokan, pencurian, perzinahan, semakin banyaknya bayi lahir kedunia tanpa diketahui siapa bapaknya, banyaknya narkoba, perusakan alam oleh manusia lan kathah sanget lintunipun. Tanda – tanda besar diantaranya matahari terbit dari barat, langit terbelah lan lintu – lintune.
Moment Romadlon punika mangga kita ginaaken minangka tonggak peningkatan iman, kesungguhan, keikhlasan, ketulusan. Hati yang ringan nalika nindakake ngibadah ing wulan Romadlon monggo tansah kita urip – urip, kita langgengaken senadyan wulan Romadlon sampun lewat, jer Gusti Alloh sampun jelas – jelas paring pengetan tumrap kita melalui kedadosan – kedadosan ingkang luar biasa akhir – akhir punika. Cobi monggo kita pirsani surat Al Insyiqoq :
Jarwanipun :
1- Nalika langit iku pecah.
2- Ngestoake kersane Pangerane, wis benere kudu diestok ake.
3- Lan nalikane bumine dirata.
4- Lan ngetokake isen – isene nganti resik kothong.
5- Sarta angestokake karsaning Pangerane, wis benere kudu diestokake.
6- He para manungsa! Sira iku tansah lumaku seba ing ngersane Alloh Pangeranira, ing mengko sira bakal oleh piwalese lakunira kelawan becik.
1. Apabila bumi digoncangkan dengan goncangan (yang dahsyat),
2. Dan bumi Telah mengeluarkan beban-beban berat (yang dikandung)nya,
3. Dan manusia bertanya: "Mengapa bumi (menjadi begini)?",
4. Pada hari itu bumi menceritakan beritanya,
5. Karena Sesungguhnya Tuhanmu Telah memerintahkan (yang sedemikian itu) kepadanya.
Niku jawaban saking agami Islam, jawaban sing wenteh tegas, bilih sedaya kalawau pancen dikersaake Alloh, didawuhake Alloh dumateng jagad raya kudu tumindak piye, sing tundone dadi prengetan tumrap manungsa supaya eling karo gustine yaiku Alloh Ta’ala.
Mila sampun sakmesthinipun bilih kita sedaya kedah meningkatkan keimanan dan pelaksanaan ibadah sehari – hari, sebab tanda – tanda hari akhir sampun mulai diketingalaken dening Alloh tumrap para manungsa.
Sakpunika kantun awake dewe, melu nganggep kedadeyan kedayean ingkang aneh luar biasa kalawau sekedar fenomena alam kados pamanggihe para ahli ilmu sain, nopo awake dewe yakin bilih sedaya kalawau tuhu pepenget saking Alloh swt tumrap manungsa, ingkang mengandung konsekwensi kita harus mengadakan perubahan menuju kearah ketaqwaan, keimanan, peribadatan yang lebih baik daripada hari – hari kemarin.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar